Sabtu, 21 Juli 2012

Njaluk Tulung

GUYONAN ALA WONG JOWO (bagi yang orang jawa like ya)

Bapak : "Le.. Tulung... Bapak
... tukokno minuman sing anyes ning
warung yo.."

Anak : "coca-cola opo seprit,pak?"

Bapak : "Coca-cola wae.."

Anak : "Sing kalengan opo
botolan ?"

Bapak : "Botolan.."

Anak : "Sing botol gede opo sing
cilik?"

Bapak : "Ooo... Pancen njaluk di kepruk palu ki bocah !!!
Wis tukokno banyu wae!!"

Anak : "Aqua opo banyu biasa ?"

Bapak : "AQUA, cuk!!!!"

Anak : "Panas opo sing anyep?"

Bapak :"SAPU NDI SAPU !! TAK GEPUK'E NDASE BOCAH IKI ??!!"

Anak : "Sapu biting opo sapu duk??"

Bapak : "Oalaah Kewan tenan kowe
pancen'e!" (Karo dbalang sandal)

Anak : "Wedus opo Kebo?"

Bapak : "WEDUUSSS, Goblookk!!!"

Anak : "Wedus Cempe opo
Bandot??"

Bapak : "Setan kowe!!!!"

Anak : "pocong opo Gendruwo?"

Bapak : "Mbuh lah...,
kono minggat wae lah!!"

Anak : "Saiki opo sesuk?"

Bapak : "Saiki, doboL!!"

Anak : "Bapak melu opo ora??"

Bapak : "Asli... suwe2 Tak pateni
tenanan bocah iki !!"

Anak : "Ditusuk nganggo peso opo
ditembak nganggo pistul??"

Bapak : "Tak tembak !!!"

Anak : "Ndase opo wetenge??"

*Bapak'e skarat kejet2 langsung
strooke stadium pitulas... X_X
Semoga Bermanfaat..!!
By: Veristiarta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Silahkan Tinggalkan Komentar Anda , Dengan Komentar yang Benar [Sopan]